19 April 2022

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa, Khutbah 10 Akhir Bulan Ramadhan

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa, Khutbah 10 Akhir Bulan Ramadhan

Bariklana
- Membagikan teks khutbah Jum'at dalam bahasa jawa, semoga ini dapat bermafaat bagi siappa saja. tema yang diusung kali ini pada khutbah jum'ah adalah " Memanfaatkan Momen Tanggal 10 Akhir Bulan Ramadhan"

Khutbah 1

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ سَيِّدُ الشُّهُوْر, ضَاعَفَ فِيْهِ الْحَسَنَاتُ وَالْاُجُورْ, نَحْمَدُهَُ نَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَن يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَن يُّضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ 
اَشهد ان لاالهالا الله وحده لا شريك له واشهد ان سيدنا محمدا عبده ورسوله , اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى اله واصحابه ومن تبعهم باحسان الى يوم الدين 
ِامابعد , اوصِكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْن

Ma'asyarisol Muslimin, Jama'ah Jum'ah rahimakumullah.
Wonten ing kesempatan ingkang sahe meniko kepareng kawulo wasiat dateng awak kulo ppiyambak, lumeber dumateng panjenengan sedoyo, monggo sami-sami kito tansah ningkataken anggen kitoo taqwa dumateng Allah SWT, Inggih ajrih dumateng Allah SWT, ateges nindaaken unopo ingkang dados printah-printahipun Allah lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun Allah suppados kito sedoyo dados golonganiun tiyang-tiyang ingkang pikantuk kamulyan soho kabejan saking ngarsanipun Allah SWT.

Hadlirin jama'ah Jum'ah Rahimakumullah.
Kito sak meniko sampun mlebet wonten ing bagian akhir saking wulan Ramadhan, utawi mlebet wonten sertigo akhir saking wulan Ramadhan, kito perayoginipun kito perlu ngoreksi pribadi kito iyambak-piyambak, milai awal ramadhan ngantos saat meniko nopo toh angen kito nindaaken syiyam ramadhan lan angge kito nndaaken ibadah wonten ing sak lebetipun wulan ramadhan meniko kinten-kinten sampun sesuai kalian harappan kito ?

menawi sampun, monggo amal ibadah meniko kito jagi kanti saestu, ngantos dumuginipun akhir wulan ramadhan, menawi ketingal dereng saget maksimal monggo kito berusaha ningkataken anggen kkito ibadah wonten ing sak lebetipun wulan ramadhan meniko. Langkung-lamgkung mleh kito dugiaken sak terasipun sak bakdanipun wulan ramadhan.

Wonten ingkang kedah kito perhatosaken wonten ing 10 akhir saking wulan romadhan meniko, ing antawisipun Allah damel kangge ummat Nabi Muhammad SAW katah keistimewaan. Sebagian keistimewaan meniko Allah damel Ummat Nabi Muhammad SAW sebagai ummat ingkang lahir wonten ing bagian paling akhir saking ummat-ummat ingkang rumiyen. Lan ummat Nabi Muhammad boten dipun ciptaaken deneng Allah SWT kalian umur ingkang panjang kados ummat-ummat rumiyen, wonten ingkang 500 tahun utawi 700 tahun umuriun. Umur Nabi Muhammad SAW rata-rata antawis 60 utawi 70 tahun, umpami langkung nggeh langkunge kedik.

Dipun sebataken wonten ing hadits :

اَعْمَارُ أُمَّتِيْ مَا بَيْنَ السِّتِّيْنَ اِلَ السَّبْعِيْنَ, وَاَقَلُّهُمْ مَنْ يَجُوْزُ ذَالِكَ

"Umur-umur ummatKu antarane 60 ngantos 70 tahun, sekedik ing anatarne ummatku kang ngliwati umur kasebat (HR. At Tirmidxi)

Ananging umur ingkang kedik meniko Allah SWT maringi hikmah soho fadhilah ingkang agung ingantawisun Allah paring dalu ingkang mulyo inggih meniko dalu "Lailatul Qodar" ingkang dalu meniko langkung sahe katimbang 1000 wulan, utawi sebanding kalian 83 tahun langkung kedik, ingkang selama 1000 tahun meniko boten wonten lailatull qodaripun.

Magayutan kaliyan dalu ingkang mulyo meniko, utawi dalu llailatul qodar meniko boten saget dipun pasteaken kappan wekadalipun, namung Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuhaken mekaten :

كَانَ النَّبِيُّ صلى اللهعليه وسلم اِذَا دَخَلَ الْعَشْرُ شَدَّ مِعْزَرَهُ, وَاحْيَا لَيْلَهُ, وَأَيْقَظَ أَهْلَهُ

Artosipun :"Nabi Muhammad SAW nalikane mlebet wonten ing sedoso akhir ramadhan, Kanjeng Nabi ngencengake sarungipun (utawi cancut anggenpun ibadah). nggesangaken dalupun kalian ibadah, lan nggugah dateng kelluarganipun" (HR. Bukhari Muslim)

Dawuhipun maleh ingkang dipun riwayataken Imam Ahmad :

هي في شهر رمضان فى العشر الاواخر, ليلة احدي وعشرين, ليلة ثلاث وعشرين, او خمس وعشرين او سبع وعشرين اوتسع وعشرين أو أخر ليلة من رمضان, من قامها ايمانا واحتسابا غفر له ما تقدم من ذنبه وما تأخر

Artosipun : "Utawi lailatul qodar ing wulan ramadhan iku ing tanggal 10 akhir, yoiku malem 21, malem 23, malem 25, mallem 27 utawi malem 29, utawi ten dalu akhir ramadhan. Sinten tiyange kang jumenengi utawi sholat dalu keranten Iman dateng Allah lan nyumprih ridho lan ganjaran namung keraten Allah, mongko dosanippun dingapunten deneng Alah, dosa kang wus kliwat lan dosa kang akhir"

Ningali saking dawuh meniko dalu lailatul qodar meniko dipu rahasiaaken deneng Allah SWT, meniko supados ummat Nabi Muhammad SAW tansah semangat dan berusaha kanti saestu supados saget kepangge dalu ingkang mullyo meniko, manungso boten nyeeleaken dateng qiyamu lail (sholat dalu) lan i'tikaf wonten ing akhir wulan ramadhan.

Milo sayogyanipun kito sedoyo kedah berusaha kanti saestu saget nggayh dateng dalu ingang mullyoo meniko, inggh dalu lailatul qodar, suppados kito sedoyo saget pikantuk kautaman lan ganjaranipun dalu lailatul qodar, kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang dipun riwayatake saking Abu Hurairoh r.a :

  من قام ليلة القدر ايمانا واحتسابا غفرله ما تقدم من ذنبه ومن صام رمضان ايمانا واحتسابا غفر له ما تقدم من ذنبه 

"Sinten tiyange kang jemenengi (sholat dalu) wonten ing wulan ramadhan keranten iman dateng Allah dan murih ridho lan ganjaran namung keranten Allah, mongko bakal dinaguro dosane kang wus kliwat - Lan sinten tiyange kang nindaken syiyam ramadhankeranten iman dateng Allah lan nyumrih ridho lan ganjaran namung keranten Allah, mongko bakal dingapuro dsane kang wus keliwat (HR. Imam Bukhari an Imam Syafi''i)

Ma'asyirol Muslimin Rahimakumullah

Wonten ing sedoso akhir saking wulan ramadhan meniko ingkang magayutan kaliayan ibadah wonten ing dalu lailatul wodar Kanjeng Nabi Muhammad SAW maringi wurukan dateng kito sedoyo kados ingkang wontenhadits ingkang dipun riwayatake saking Sayyidatina Aisyah r.a. :

عن عائشة قالت, قُلْتُ يارسول الله اَرَاَيْتَ اِنْ عَلِمْتُ اَيُّ لَيْلَةُ الْقَدْرِ مَااَقُوْلُ فِيْهَا , قال قُوْلِيْ اَللهُمَّ اِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ العَفْوَ فَعْفُ عَنِّيْ

"Saking Sayyidatina Aisyah r.a, ngendiko, Ingsun matur dateng Kanjeng Nabi : Ya Rasulallahnopo toh pendapat panjenengan menawi kulo kepangge dateng lailatul qodar, milo dungo nopo ingkang kullo ucapaken wonten ing dalu meniko ? Rasulullah SAW dawuh : Dongaho siro 9Aisyah) ing dungo " "Allahumma innaka 'afuwwun tuhibbul afwa fa'fu 'annii" (Ya Allah saktemene panjenengan dzat ingkang moho ppengapunten, lan remen maringi pengapunten (dateng kawulanipun), Milo mug paring pangapunten panjenengan dateng kulo" 

Milo kaum muslimin sedoyo, kanti dawuh meniko kito ummat islam dipun anjuraken kapurih ngatah-ngatahaken do'a meniko langkung-langkung wonten ing 10 akhir wulan ramadhan.

Kaum Muslimin jama'ah jum'at rahimakumulllah
Mekaten khutbah jum'at wonten ing siang meniko, mugi-mugi wonten manfaatipun lan barokahippun, langkung-lamgkung mugi-mugi Allah SWT tansah maringi bimbingan,  paring pitulung lan hidayah saget nindaaken ibadah syiyam kanti sahe, langkung-lamgkung saget kepangge dateng laillatul qodar, Amin ya robbal alamin.

Khutbah 2
Monggo bisa dilihat dibuku-buku khutbah. Mohon maaf atas segala kekurangan, dan mohon dibenarkan kalau ada kesalahan . Wallhu a'lam bis showab.

No comments:

Post a Comment

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *